Ganti Tahun 2016


Ora kroso saiki awakku wes meh setahun ninggalke Jakarta, padahal koyone wingi isih ngrasake tahun baruan tahun winganane karo Mas Ari ning Monas. Oh iyo, Mas Ari kui konco kerjoku ning Jakarta. Sijine meneh Lek Hirin. Mbiyen, pas isih ning Jakarta nek tahun baru ngene iki aku karo Mas Ari senenge jalan-jalan numpak busway gratis. Tujuan utamane Monas, mergone ning Monas mesti pen rame, kui tahun baruan tahun 2014 sih. Soale pas tahun baru 2015 wingi lagi males jalan-jalan, dadine mung nikmati malem tahun baruan ning kost.


Tahun 2014, aku duwe kenang-kenangan foto karo video kembang api tahun baru ning Monas, nek menowo sampeyan penasaran iso di sumet videone ning paling ngisor seko postingan iki. Sayange tahun baru 2015 ora duwe dokumentasi video, tapi untunge duwe foto-fotone ora ketang sitik, hehe.

Sholat isya sik ning Masjid Istiqlal Jakarta sakdurune tahun baru 2014


Kembang api tahun baru 2014 ning bunderan HI

Foto tahun baruan 2015 seko lantai 3 kost

Saiki wis mlebu tahun 2016. Aku wis ora ning Jakarta, critane wis bali ndeso. Dadi malem tahun baruanku sing saiki jelas bedo adoh karo tahun-tahun wingi. Suasane podo ramene, tapi bedone ning Jakarta luwih rame wong nyumet kembang api, nek ning kene rodo sitik. Sayang memori kameraku entek tur durung sempet tak bekap ning leptop. Ngopo sing nyumet mercon ora serame ning Jakarta? Maklum ning ndeso, eman-eman duwite nek gawe tuku mercon utowo kembang api. Mending gawe tuku martabak iso dipangan bareng-bareng karo wong ning omah, kan mak nyus, iyo kan?

Mugo-mugo

Saiki wis tahun 2016, harapane mugo-mugo wae opo sing wis dicapai ning tahun 2015 iso dipertahanke, sukur-sukur iso berkembang luwih apik meneh. Sing jelas, sing dikarepke iso luwih apik seko tahun-tahun sakdurunge. Ssst, mugo wae aku ora bosen sinau nulis sing apik. Soale aku jan ra puas karo tulisanku dewe, tata bahasane pilihan kata-katane kui lho, jan koyone ra mbejaji ra?

Yo wis, sak mono wae unek-uneku lewat blog iki. Matur nuwun gawe sampeyan-sampeyan sing wis nyempetke mampir ning blog iki, opo meneh gelem moco tulisan-tulisanku. Sukur-sukur gelem komen utowo like facebooke blogku iki, jan pisan maneh matur nuwun sing akeh. Tak dongake sampeyan makin top oyee ning tahun 2016 iki.

Akhirul kata. Wassalam.



0 Response to "Ganti Tahun 2016"

Posting Komentar