Mie Goreng Kuah, Mie Goreng Paling Embuh


Saiki jam 3 isuk. Yen isuk gasik ngene iki hawane atis penake golek sing anget-anget. Opo meneh weteng keroso ngeleh, ditambah moto sepet-sepet ngantuk tapi ra iso turu. Alamat weteng njaluk diisi ndisik. Mbuh ono sego yen segone ora anget yo males, pokoke yen ora anget ora.

Biasa, andalane wong ngeleh nek mbengi opo isuk gasik ngene iki yo mesti gawe mie setan instan. Iso mie goreng iso mie godok. Untunge ibuku dodolan mie neng omahe, dadio nek ngeleh darurat ngene iki tinggal njupuk sak senenge, terus di gawe sak dadine. Masak tinggal nyekleke kompor, nek entek gase yo tinggal dijarangi, nek ra ono jarang yo langsung gado wae, gampang.

mie

Saiki ngene, mie senenganku kui kok yo ono sing maido. Jarene enek, jarene ora ono rasane, jarene werno-werno kae. Bayangno wae kui ono mie goreng, mie goreng kui kan biasane di masak terus nek wes rampung banyune di guwak, dadine miene garing ora ono duduhe.

Nek aku ora, aku luwih seneng nggawe mie goreng, tapi mie gorenge kui duduhe ora tak guwak kabeh. Tak turahke sitik ben ora garing banget. Dadi miene kui isih ono duduhe, ngono! Nah mungkin kui sebabe yen ono sing ngrasake mie goreng gaweanku ngrasake anyep ora ono rasane, lha mergo banyune isih tak katutke, iya tha?

Opo meneh aku senenge ngedem miene rodo suwi bar tak gawe, mergone isih panas sih, aku ora iso begitu menikmati nek mangan mie panas-panas (kecuali mie ayam). Nah, dadine karang kesuwen le ngedem mie sing tak gawe mesti dadi medok, nek aku sih luweh, wong aku malah seneng mergo miene dadi gede-gede, dadine koyo spagheti tha? kan dadi tambah wareg!

Anget-anget

Mbengi iki, eh isuk iki, eh mbengi opo isuk sing bener? mbuh kae lah. aku gawe mie, mie goreng. Weteng ngeleh, rasane pengen sing anget-anget, akhire keturutan, cocok ra, ditambah lawuhe jajanan krupuk jengkol pedes, pedes banget, ditambah neh karo nggawe susu plus madu plus anget. Rampung mangan, ngenteke susu, sikatan, kemulan karo nguripke kipas angin, oke matuk. Enak tenan tha? Yo mbuh!

Nyusu sek

Jarene krupuk jengkol, pedese puol

0 Response to "Mie Goreng Kuah, Mie Goreng Paling Embuh"

Posting Komentar